Thursday 10 May 2018

Iki sasi ruwah, nuli sasi poso

Genduren. Sumber: Yanthi (WAG Ngliparkidul)
Ruwah iku sasi kang nomer wolu. Sak durunge pasa, lan sak wise rejeb. Yen cara arab, pada karo Sya'ban.

Ruwah, kabare  saka tembung "arwah". Mboh bener apa ora. Nanging, saka tembung "arwah" kui, bisa digoleki tegese.

Arwah kui artine "roh". Roh e para leluhur. Kurang luwihe mengkono. Ing sasi ruwah, kanggo nyadang sasi pasa, dianakke pisowanan marang makam leluhur. Ngresiki makam, lan ugo ndedonga. Ndongakake leluhur. Muga-muga oleh dalan padhang. Oleh panggonan kang jembar. Diwales pangabektine marang Gusti, lan dingapuro kabeh dosane.

Kanggo sik ndedongo, dikarepake njaluk ngapuro marang Gusti. Supaya ngancik pasa, wis suci.

Sederhana, utowo sepele dongane. Nanging ngemu teges kang dhuwur maknane.

Ing sasi ruwah, ana uga genduren. Para kadang, konco, tangga, nyangking berkat. Isine sego sak giling (plenak), peyek, gudangan, srondeng. Kading kala ya nganggo krupuk. Oiyo, ana apem barang. Kabeh mau digowo menyang daleme pak Modin. Utawa menyang mesjid, apa neng sarean. Yen ana Ngliparkidul (yoiku asal asliku), di gowo menyang daleme mbah Kaum.  Kaum banjur mimpin donga.

Ana donga kang nganggo basa Arab, ugo basa Jowo. Yo, sajake, kaya kandhane para winasis, Islam teko marang Jawa kanthi mbaur marang kabudayan lokal.

"Ibu bumi bopo angkoso. Ibu Hawa, Nabi Adam. Ingkang dipun memetri, dipun uri-uri...", lan sakpiturute. Ana uga kalimat kang njlentrehake maknane berkat kang digowo. Koyo dene apem. "Ingkang sak lajengipun APEM. Mugi-mugi kito sedaya tansah pinaringan kekiyatan pikiran kang utuh, bunder kados bundere apem, nggih.....". Biasane poro warga njawab, "nggih".

"Ingkang sak lajengipun gudangan. Mugi-mugi kito sedoyo tansah saget gesang wonten ing ngalam ndonya bebarengan kaliyan tiyang sanes, biyantu-ambiyantu, kados dene godong lan janganan ingin gudangan meniki, nggih..."

"Ingkang saklajengipun jenang BARO-BARO....". Aku wis rodo lali klimahe mbah Kaum.

Sedulur....

Kabeh mau ono sik ngarani Nyadran. Ono ugo sing nyebut Ruwahan. Gumantung soko daerahe. Yen ono Gunungkidul, khususe Nglipar, do nyebut Ruwahan.

Apem: sumber Lina (WAG SMK 1)

###

Poro konco...  ing sasi ruwah ono tembang kang misuwur. Kondang. Tembange koyo ing ngisor iki. Mbok menowo, poro konco nate nembang, utowo paling ora nate krungu.

Iki sasi Ruwah, nuli sasi poso 
Kuwajiban kito kudu poso 
Sesasi lawase ora mangan ngombe 
Esuk tekan sore sakrampunge 
Yen wis rampung poso sembahyang rioyo 
Podho suko-suko suko samyo 
Lan halal bi halal marang wong tuwane 
Ugo marang konco lan kancane
Ing pungkasan, sugeng nindhake poso. Mugo-mugo iso sewulan natas. Rampung, sampurno, lan bisa nemoni rioyo. Sik temenan le poso. Kabeh ora ngerti, kapan bakal tekaning pati.

Nuwun

Share:

1 comment:

  1. weh kelingan mulih gunungkidul iki>
    enek sing duwe jlentrehane kenduren ora mas? bapakku almarhum sering diundang kon nggendureke kadang kangen nek melu genduren mas.
    Jenang baro2 kangge memetri ingkang dipunmemetri sedulur papat limo pancer, kakang kawah adi ari-ari lsp..
    nek enek mbok coba mas dipun share kangge kenang2an anak putu. suwun

    ReplyDelete

Terimakasih, komentar akan kami moderasi