Sunday 2 June 2019

Ngaji serat Kalatida *)

Raden Ngabehi Ranggawarsita, pujangga Surakarta, ingkang nalika alit nate nyantri wonten Pondok Pesantren Gebang Tinatar Ponorogo. Dipun asuh deneng Kyai Kasan Besari.


Ranggawarsita, nate nyerat serat Kalatida. Kalatida artosipun jaman/wekdal ingkang samar-samar, utawi kathah keraguan. Dipun serat  tahun 1860 (159 tahun kepengker). Serat meniko wonten 12 perangan. Bentukipun macapat Sinom. Ingkang kawentar perangan kaping pitu.



Amenangi zaman édan,
éwuhaya ing pambudi,
mélu ngédan nora tahan,
yén tan mélu anglakoni,
boya kéduman mélik,
kaliren wekasanipun,
ndilalah kersa Allah,
begja-begjaning kang lali,
luwih begja kang éling lan waspada.

Artosipun:
Menyaksikan zaman édan,
serba susah dalam bertindak,
jika ikut édan tidak akan tahan,
tapi kalau tidak mengikuti (édan),
bagaimana akan mendapatkan bagian?,
akhirnya kelaparan,
namun telah menjadi kehendak Allah,
sebahagia-bahagianya orang yang lalai,
akan lebih bahagia orang yang tetap ingat dan waspada.


***

Ngalam ndonya menika tansah obah lan malih. Wonten ing budaya jawa, obah malihe jaman dipun wastani “owah gingsiring jaman”.

Wonten kathah owah gingsiring jaman. Sak perangan badhe kula aturaken ing mriki.

Para rawuh. Dipun wiwiti nalika manungsa kedah pindah-pindah nalika gesang. Pundi papan ingkang cumepak dhaharan, dipun dugeni.

Lajeng, manungsa netep. Tani. Tanine menungso ngangge okol, tenaga. Naliko mluku, nggaru. Saenggo wonten ingkang buruh mluku, buruh nggaru, buruh matun lan sak panunggalanipun.

Jaman tansah owah. Ngantos menungso saget damel alat ingkang nggantosaken tenaga mluku lan nggaru poro konco tani. Sapi ingkang kangge nggeret luku, nganggur. Buruh mluku leren. Dipun gantos traktor.

Jaman tansah owah. Menungso saget nemu listrik. Saenggo mesin-mesin enggal sami dipun obahaken ngangge listrik. Bakul senthir kukut, amargo mboten payu. Piyantun ingkang pengen nyambut damel, kedah pados pedamelan sanes.

Jaman taksih tansah owah. Lajeng alat ingkang dipun wastani komputer lahir. Piyantun ingkang kepengin nyambut damel, kedah saget ngangge komputer.


Jaman tansah owah. Sak meniko, owah gingsiring jaman dipun wastani “era industry 4.0”.

***

Kula panjenengan sampun akrab kalian GoJek, Grab. Ojek online meniko saget mangertos kula panjanengan sami wonten pundi, sak sampune milih tujuanipun, ojek online meniko pinter pados dalan piyambak, lan ngetung ongkos. Menawi wonten diskon, langsung dihitung.

Samangkeh saget langkung kathah malih alat ingkang saget mikir piyambak. Nggantos sak perangan posisi/pedamelan manungso. Pedamelan ingkang sak derenge dipun pandegani manungso, dipun gantos mesin, alat.

Menawi kita runut, jenis pedamelan meniko tansah berubah. Muncul pedamelan enggal, lan wonten pedamelan ingkang ical, ilang.

Rumiyin wonten dhukun bayi, sakmeniko sampung arang. Paling celak, pinten tahun kepengker wonten sopir bus kota. Dene sak menika sampun langka, kepara ilang.

Ciri sanesipun inggih meniko ingkang dipun wastani internet of things, kabeh sarwo mawi internet. Sak menika, tumbas bakso saget mawi internet, tumbas gethuk ugi mekaten, ngersake taksi, cekap internet. Lajeng pesen hotel, ngantos mbayar angkringan sampun wonten ingkang mawi internet. Ugi tumbas pulsa.

***

Ing tahun  2020-2035 penduduk Indonesia ingkang usia produktif, meniko langkung kathah ditimbang ingkang jompo.

Bahasa gampilipun: jumlah piyantun ingkang kuat nyambut damel (15-64 tahun), langkung kathah tinimbang ingkang sampun jompo.

Nah, yen pedamelan ingkang sak derengipun dipun pandegani manungso dipun gantos mesin, utawi pedamelan lawas sampun mboten dipun butuhaken, lajeng pripun nasib putro wayah kula panjengan sami samangkeh?

Padahal jumlah ingkang butuh damelan meniko kathah sanget?


***

Para rawuh, owah gingsiring jaman meniko wonten kalih akibatipun. Sepindah: kalabendu utawi jaman kang rusak, kaping kalihipun reja-rejaning jaman utawi ayem-makmur.


Jaman tansah berubah, jaman kula panjenengan benten kalih jamanipun putra wayah samangkeh. Sakmenika para putra wayah kedah dipun dorong supados saget kuat ngadepi owah gingsiring jaman.

Caranipun wonten kalih, nanging kalihipun wujud pendidikan. Sepindah pendidikan ilmu agama, supados tetep eling lan waspada, mboten malah melu ngedan.

Kaping kalih ilmu dunia, ilmu pengetahuan lan teknologi kangge nggula wenthah ndonya, supados saget nggayuh reja-rejaning jaman. Kados ngendikane Kanjeng Nabi Muhammad, SAW.

“Kowe luwih ngerti urusan donyamu”  (HR. Muslim, no. 2363)


Nutup serat Kala tida, Ronggowarsito ndonga:

Ya Allah ya Rasulullah kang sipat murah lan asih mugi-mugi aparinga pitulung ingkang martani, ing alam awal akhir dumunung ing gesang ulun


Ya Allah, ya Rasulullah yang bersifat pemurah dan pengasih semoga berkenan melimpahkan pertolongan yang menyelamatkan di dunia hingga ke akhirat tempat hidup hamba


------

Disampaikan pada kuliah subuh ing Masjid Quwwatul Muslimin Sambisari
Ngad Pon, 28 Pasa 1952
Share:

0 komentar:

Post a Comment

Terimakasih, komentar akan kami moderasi