Monday, 20 May 2019

Ngaji Serat Wedatama *)


Salam, syahadat, dan hamdalah.


***


Raos syukur kita aturaken dumateng Gusti Allah, awit ngantos Dinten puniko, dinten Ngad Wage tanggal 14 Ramadan 1440 h, utawi 14 Pasa 1952 tahun Be Sengoro Langkir, kita sedaya tansah pinaringan rahmatipun Gusti Allah.

--

Para rawuh, jamaah subuh ingkang kinormatan.

Wonteng ing masyarajat Jawa, wonten istilah ingkang sampun asring kita mirengaken. Inggih menika "agama ageman", lan "agama ageming aji".

Wonten ing sastra piwulang serat Wedatama (tulisan mengenai ajaran utama), anggitanipun Mangkunegara IV, pupuh Pangkur bait sepindah, wonten pitutur babagan agama-ageming aji, nalika menungsa ndidik putra-putranipun. Serat menika, miturut salah satunggaling sumber, dipun pengaruhi ajaran agami Islam.


***

Pangkur meniko waosanipun mekaten:

Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karenan mardisiwi.
Artosipun: menjauhi, menghindari sifat angkara, karena ingin mendidik anak.


Pendidikan ingkang paling sae marang putra, inggih menika kanthi paring tuladha. Tiyang sepuh sakderengipun paring perintah putra-putranipun supados nebihi tumindhak ala, kedahipun tiyang sepuh nebihi tumindhak ala meniko rumiyin. Saenggo saget dados tuladha.


Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta.
Artosipun: perintah pada anak, dibuat dalam keindahan lagu (kata)


Menawi ndidik putra-wayah, kedahipun ngangge ngendikan utawi cara ingkang sae. Sinawung resmining kidung artosipun piwulangan diaturke ngangge tembang, kidung. Kanthi tembang ingkang sae, cara ingkang sae, ingkang mirengaken saget kraos seneng, lan tansah kemutan dumatheng wewarah.

Ampun ngantos, putra-putrinipun malah dikenalke dhumateng lelagon lan ukara kang artosipun ala. Malah kepara disetel seru-seru, utawa malah diajak nonton konseripun. Dados, malah apal lagu-lagu ingkang mboten ngemu teges ingkang sae.


Sinuba sinukarta, artosipun kanthi gulawenthah kanti sae, anak kraos bungah, saengga tukul rasa seneng marang tumindhak kabecikan.


Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Artosipun: Agar berkembang (pada anak) perbuatan yang berdasar ilmu luhur.

Sak sampunipun putra nyawang kabecikan, anak saget tumindhak kabecikan piyambak tanpa diperintah. Terbiasa. Sadar piyambak, yen gesang menika kedah tumindhak kabecikan. Anak saget anggayuh ilmu luhur, ilmu luhung, ilmu hakiki. Mboten namung petuah, utawi obahing raga, nanging ngantos jiwa lan bathinipun.


Kang tumrap neng tanah Jawa,
agama ageming aji.
Menika kalimat pungkasan, artosipun: Yang bagi orang di tanah Jawa,
agama adalah pakaian orang mulia (landasan perbuatan).


Sak derengipun nyandang enggal, kita asring siram rumiyin, reresik badan supados regetan mboten nempel wonten sandangan.

Minangka ageming aji, sak derengipun ngrasuk agami, kedahipun kita sadar tujuan ngrasuk agami. Sesuci niat, supados agama saestu saget dados ageman ingkang aji tumrap kula panjenengan sami.


********

Menawi kita emut wewarahipun para guru babagan kebutuhan pokok manungsa, wonten 3 kebutuhan pokok meniko. Sepindah Sandang - Pangan – lan Papan.

Sandang wonten urutan nomer setunggal, saweg pangan, lan pungkasan papan.. Mboten kuwalik pangan rumiyin. Senadyan pangan dipun yakini dados srana nyambung gesang.

Urutan sandang- pangan - papan- menika saget dipun artosaken: piyantun kedah nyandhang rumiyin, saweg pados pangan lan papan. Mboten pados pangan rumiyin saweg pados sandangan. Sandang langkung penting tinimbang pangan. Menawi wonten tiyang ingkang pados pangan rumiyin, tanpa nyandang, mesti kula panjenengan sami ngarani tiyang meniko kurang. Aneh. Kepara malah diwedeni.

Sandang meniko ingkang utami

---

Jamaah ingkang kawula hormati, wonten ing Bahasa Indonesia, piyantun ingkang kagungan agami dipun wastani “memeluk agama”. Memeluk meniko ngrangkul. Ngrangkul agami.

Hananging, wonten ing Bahasa Jawa, piyantun ingkang kagungan agami meniko dipun wastani “ngrasuk agami”. Ngrasuk, wonten ing Kamus Bausastra Jawa artosipun: menganggo (sandhangan), mlebu agama. 
Agama: keklumpulkaning tata cara panembah, piwulang-piwulang,
Agama: kapitayan kang wajib dilampahi kangge nyembah dhateng pangeran supados angsal kawilujengan ing Donya lan akherat.

Wonten bedanipun, antawis ngrangkul/memeluk lan ngrasuk.

Ngrasuk menika mbetahakan rasukan, pakaian, ageman. Ukara “Ngrasuk agami”, agami meniko dipun artosaken dados rasukan, ageman. Nutupi.

Para rawuh ingkang dipun rahmati Allah

Wonten ing Macapat Pangkur kala wau, wonten istilah “agama ageman. Agama ageman kang aji”.

Naliko piyantun Jawi ngartosaken agama dados ageman, piyantun Jawa manggenaken agami meniko dados kebutuhan primer/pokok ingkang nomer setunggal, inggih meniko: Sandang. Kados dene urutan Sandang-pangan-papan kala wau.

Sak derengipun piyantun meniko ngupaya pangan, kedah nyandang rumiyin.

Sak derange gumregah ngupaya kadonyan, kedah ngrasuk agami rumiyin.

Supados kagungan patokan, arahan anggenipun gesang wonten ing ngalam ndonyo.

Ageman, sejatosipun artosipun langkung lebet tinimbang pakaian utawi sandangan. Tanpa ageman, tiyang bakal kisinan. Sak pinter-pintere tiyang, tiyang normal menawi tanpa ageman, mesti isin.

Mula, kita kedah milih ageman/agama ingkang pas,

Lan kita kedah ngangge ageman/agama kanthi pas lan sae, menika penting kita usahaaken.

Pas lan demes nalika ngrasuk Agami lan ageman menika ingkang samangkeh dipun sawang tiyang sanes. Mboten namung asmane agami kemawon, nanging ugi tindak tanduk, tingkah laku saben dintenipun. Akhlaq-ipun. 

Jumbuh kalian ature Kanjeng Nabi Muhammad, “sak temene aku diutus kanggo nyempurnaake akhlaq kang mulya”.

Ageman kang langkung penting tinimbang kadonyan meniko saget dipun tingali saking adat kraton. Tiyang bangga ngagem seragam abdi dalem, senadyan gajinipun sekedhik. Menika mratelakan menawi ageman, martabat, harga diri menika langkung aji, tinimbang gaji.

Usaha kang halal menika langkung njagi martabat nadyan hasile luwih sitik.

Tiyang ingkang nyandang kanti sae, bakal luwes anggenipun ngupaya pangan. Tiyang ingkang ngrasuk agami kanti sae, bakal tenang nglampahi gesang ing ngalam ndonya.


Mekaten,

Wallahul muwaffiq ila aqwamit-tharieq

Sugeng siyam

Wassalamualaikum

--------------
*) Dari berbagai sumber
Disampaikan pada Kuliah Subuh, 19 Mei 2019 
di Masjid Quwwatul Muslimin Sambisari Kalasan

Share:

0 komentar:

Post a comment

Terimakasih, komentar akan kami moderasi